Legenda Candi Prambanan
Wonten salah sawijining desa ingkang endah, wonten salah
sawijining randha kalih lare lanang siji-sijine Bandung Bondowoso. Mereka urip
kanthi tentrem, ing salah sawijining dina nalika taksih asik ceriyos, Bandung
Bondowoso nangletaken bab dhateng ibunda kang ditresnani..
Bandung :“Bu, punapa panjenengan mboten kesepian menawi
awake dhewe tinggal namung wong kalih mawon wonten dhusun kang endah niki?”
Ibu :“Kesepian ngopo to le? Ibu wis seneng ana kowe nang kene. Awake
dhewe wis urip berkecukupan, bahagia ora ana sing ngganggu, arep njaluk sing kepriye
maneh ibu iki.”
Bandung :“Ya,
mungkin wae ibu kepingin gadhah garwa
malih. Ibu kan taksih ayu, mesti kathah tiyang lanang sing kesengsem
banjur ngajak kawin ibu.”
Ibu :
(mesem) “Kowe ki ngomong opo to le, le. Ora.. ora.. Ibu ora apa-apa urip menjanda kaya
ngene. Sing penting ibu nduwe anak lanang siji-sijine kayak owe, le” (ngelus rambute Bandung.)
Bandung :“Lho, saestu Bu. Ibu kan perlu
pendamping hidup.”
Ibu :
Pendamping hidup? Sakjane lakyo kowe sing patut tak takoni kaya ngono kuwi
anakku. Kowe iku wis gede, moso kowe arep dewean wae.
Bandung :
(mesem) Ah, menawi kula, boten usah dipikir bu. Bu, saktemene kula ajeng
tanglet kalih ibu, Nanging kula boten kepenak, Bu.
Ibu :
Kowe arep takon opo? Kok
nganggo ora kepenak barang. Aku iki ibumu opo ora. Arep takon opo to Le?
Bandung :
Ngeten lho Bu, saktemene Rama kula menika sinten? Ngantos sakniki kok kula
taksih bingung. (Ibu bingung arep mangsuli apa, mirsani sawah-sawah ing ngarep omahe)
Bandung :
Bu, kok mendel mawon? Wonten penggalih
menopo to bu?
Ibu :
Anakku Bandung (nyedaki Bandung). Sajake iki wektu sing pantes. Kowe saiki wis
gede, ora wedi ibu cerita
karo kowe. Muga, kowe mesti iso ngerteni iki.
Bandung :Ana
apa, Bu?
Ibu :
Bapakmu kuwi sakjane bangsawan ing
tlatah adoh kono.
Bandung :
Dados bapak kula taksih urip ibu?
Ibu :
Yen kowe pancen pengen nemoni Ramamu, yo ora apa-apa. Golekana Ramamu kuwi, nanging
ibu mung isa pesen. Rungokake pesen-pesene ibu iki.
Bandung :
Inggih, Bu.
Ibu :
Ibu mung iso dongakake apa sing kowe karepake bakal kok temu. Yen kowe wis pethuk
karo Ramamu, kowe ndang sungkem karo ramamu.
Ning njaba kana, mesti akeh wong-wong kanga rep kok temuni, lan dheweke kabeh
iya nduwe karep dhewe-dhewe, le. Kowe iki ksatria, lakokana layake satria. Adepi
kabeh masalah kanggo kepala dingin. Aja seneng adu otot, iku ora apik anakku. Aja
waton tumindak ing kono, ora liya kanggo njaga keslametanmu dhewe.
Bandung :
Inggih, Bu.
Ibu :
Lan siji meneh amanatku. Dadi wong aja
serakah mengko akibate mbalik ing awak mu dhewe.
Ngerti..?
Bandung :Nggih, ngertos bu.! nanging
kepripun ibu menawi kula ngembara. Menapa ibu aman gesang piyambakan ing donya ingkang boten temtu niki (nyambi nengadahke tanganne pertanda nyamakake kaluasan
donya iki).
Ibu :
Ibu ora bakal keno apa-apa, le. Ibu mung iso nyangoni slamet yo anakku sing tak
tresnani. (ngelus sirahe Bandung)
Banjur Bandung lunga ngembara. Dheweke mlaku ngliwati lembah, alas, kali lan bentang alam lainne. Ing perjalanane, dheweke
kasil nakhlukake makhluk-makhluk ghaib lan saiki dadi budak-budake.
Sakwise suwi ngembara, dheweke wis lali karo nasehate ibune
mbiyen. Lan tekan ing di kerajaan pengging dheweke
dadi raja ing kana. Amarga kepingin ngluasaken daerah kekuasaane Bandung Bondowoso kepingin
nyatukaken kerajaan Pengging dengan Kerajaan
Prambanan. Kerajaan Prambanan dipimpin raksasa kang asmanipun
Prabu Boko. Krungu Kerajaane arep direbut penguasa liya, Prabu Boko ora mung
meneng. Dheweke nyiapake bala tentara lan sangu kanggo nglawan kerajaan
Pengging.
Pr.
Boko :
Hei Bandung Bondowoso! Yen kowe pingin nguasai Prambanan, ora segampang kuwi. Kerajaan Prambanan kuwi kerajaan kang gedhe. Lan aku ora sudi
yen kowe ngorak-arik
rakyatku sing wis tentram lan damai!
Bandung :
Hahaha…Ya,
Kerajaan Prambanan kuwi
kerajaan kang gedhe lan sedhela maneh aku sing bakal nguasai. Hahahaha..
Pr.
Boko :
Cuih (ngludah)! Yen kowe emang isa, langkahi
dhisik mayatku!
Bandung :Aku
nglangkahi mayatmu! Hahahaha… ora mung nglangkahi mayatmu, nguras
samudra wae aku bisa!
Pr. Boko : Dasar wong kumalukung! Ayo lawan aku!
Banjur Bandung lan Prabu Boko perang gedhe ing Kerajaan
Pengging. Nanging ing peperangan punika Prabu Boko katusuk kerise Bandung Bondowoso.
Ngerti Prabu Boko gugur ing medan perang, Patih Gupala wangsul
ing Kerajaan Prambanan banjur nglaporkake kedadian mau ing
Roro Jongrang.
Patih Gupala :
Nyuwun sewu Putri.
Jonggrang :
Ana apa Patih. Kok njenengan wis bali saka peperangan, ana ngendi Ramaku?
Patih Gupala :
(nundukkaken mustaka
lan nyembah) Nyuwun sewu Roro. (mikir-mikir) Prabu Boko…......
Jonggrang :
Rama...!? Ana apa karo Rama? Opo panjenengan
duwe kabar sing ora kepenak Patih?
Patih Gupala :
Inggih Roro.
Jonggrang :
Ana ngendi Ramaku? (bingung lan meh
nangis). Cerita karo aku Patih..pundi ramaku?
Patih Gupala :
Prabu Boko gugur ing peperangan menika, Roro.
Jonggrang :
HA? Apa bener ngendikanmu kuwi. Opo panjenengan boten goroh Patih?
Prabu Gupala :
Saestu Rara. Kula ingkang ngertosi piyambak, Bandung Bondowoso nusukkaken
kerisipun.
Jonggrang :
RAMA........…(nangis)
Wektu nangis iku Bandung Bondowoso teka ing ngarepe Rara
Jonggrang. Bandung banjur mikir-mikir, sapa Ratu ayu ing ngarepe iku? Apa
selire Prabu Baka sing dak pateni mau?
Bandung :
(mlaku nyedhaki Rara Jonggrang). Kena apa kowe duka cah ayu?
Jonggrang : Sapa kowe wani teka ing kerajaan iki?
Bandung :
Hahaha… Sopo
aku? Opo kowe ora ngenali aku, raja ing Kerajaan Pengging, lan saiki sing nduweni
kerajaan sing gedhe iki. Aku
Bandung Bondowoso sing nduweni kerajaan iki. Hahaha... Ayu tenan kowe. Apa kowe gelem dak dadekake bojoku ?
Roro Jonggrang bingung arep menehi jawaban apa. Bandung iku wong
sing
sekti. Ra mungkin aku wani nolak. Nanging atiku ora
tresna. Kenal wae durung,
kok njaluk aku dadi bojone. Penak tenan. Saya maneh, wong iki sing
gawe aku
kelangan Rama tercintaku.
Bandung :Alah..nrima wae..Aku kan ora elek-elek tenan. Aku ngganteng kok. Gagah sisan. Kena apa kowe ora gelem?
Opo kowe isin karo aku? Hem? (karo
nggoda)
Jonggrang : (Wah, apa sing arep aku lakokake. Aku mumet.. Jonggrang banjur mikir-mikir) “ Ngene
wae, yen kowe pancen pengen nduweni aku, syarate sitik wae. Gawekna aku sewu
candi dalam 1 malam. Yen kowe kasil, aku gelem mbok pek bojo.”
Bandung :
Weh..weh..weh..Wah, kowe ki dagelan tenan kok!! Sewu candi wektu sewengi? Sepuluh candi wae, apa mending kowe
njaluk syarat liyane lan
arsietwae. Sekarepmulah.. Moso
kon gawe sewu candi. Arep
kok nggo ngopo candi iku.
Jonggrang :
Aku tetep pengen digawekke sewu candi. Kuwi
njalukku. Buktike yen kowe tresna karo aku Bandung..
Bandung :
Wis, sakiki ngene wae. Pase, njalukmu
piro?
Jonggrang :
Aku nyuwun sewu candi!! (karo arep nglungani)
Bandung :
Yo wes.. yo wes.. Aja mutung to! Kanggo buktekake cintaku
padamu, akan ku buatkan seribu candi khusus untuk cintaku ini. (omonge karo
megang dadane
tanda janjine)
Akhire, sakwise dipikir-pikir, Bandung Bondowoso arep ngongkon
para Jin sing wis kasil ditakhukkake
kangge ngiwangi. Wayah wengi kang wis ditemtokake, Bandung
Bondowoso kaliyan arsitek andalanipun nggawe kerangka bentuk candi, banjur Jin-jin mulai
mbangun candi kaliyan ukiran manut saran arsitek mau. Nanging ing
papan liya, Rara Jonggrang katon kebingungan.
Jonggrang :
Kepiye iki, apa Bandung bisa gawe candi akehe semono.
Dayang :
La kepripun to Putri. Bandung menika lak nggeh tiyang sekti to Putri, miterat
pamikir kula, kok panyuwun panjenengan, bisa nepati. La wong sakmenika taksih jam
kalih, anggenipun bangun candi sampun badhe kelar to Putri.
Jonggrang :
La terus apa sing kudu dak lakoke? Aku ora gelem kawin karo dheweke. Wis rupane
ora ana bagus-baguse. Ih.. pokoke
aku ora seneng karo dheweke.
Dayang : Lajeng kepripun?
Jonggrang : (Jonggrang mondar-mandir ing kamare) Wis,
saiki ngene wae. Dayang, tolong tangike kabeh rakyat Prambanan, kon tulung para
bocah wadon numbuk lesung, lan mbakar jerami ing sakcedhake kandhang ayam. Dhewe
nggawe suasana wengi iki seakan esuk wis teka. Nek ngono kan jin-jin sing pada
bekerja bakal ngira yen isuk wes njedhul, dheweke mesthi bakal langsung kabur, lan aja lali wuwuri kembang-kembangan!
Dayang :
Ide sing apik, Putri. Menawi ngoten, Bandung mesthi
ora isa ngrampungake gaweane punika.
Jonggrang :
Iya. Dayang, age tumindak ben awake dhewe ora kasep nyegah karepe Raden
Bondowoso.
Dayang :Inggih,
Putri. Nuwun..
Banjur Dayang ngutus dayang liyane nangikake kabeh cah wedok.
Suasana jadi rame nalika kui. Ayam-ayam berkokok, lan bakaran jerami seolah ngganti
njedhule srengenge ing ufuk timur.
Jin :Wah,
kanca-kanca! delokana! Srengengene wis metu! Awake dhewe kudhu cepet-cepet lunga
iki! Yen ora, mengko awake dhewe bisa gosong! Percuma luluran. Weleh..weleh.. (Nanging,
kepriye gawean iki. Candi sing dibangun kurang siji meneh. Waduh.. Bandung ning
endi ya? Apa dheweke malah enak-enak turu… Aku kudu lapor apa mengko. Ah,
mendingan aku lunga wae, masa bodo mbek kerjaanku ini ) Ayo
kanca-kanca kabur wae!
Jin-jin pada mlayu lan ninggalake gaweyane. Ora let suwe, Bandung
Bondowoso teka kaget. Wengi katon rame banget, srengenge wis njedhul, ayam kluruk,
para bocah wedok wis mulai numbuk pari ing lesung lan jin-jin ngilang kabeh. Ndeleng
kahanan mau, Bandung murka. Esoke,
Bandung nemoni Jonggrang.
Bandung : Jonggrang, permintaanmu wis tak penuhi, saiki ayo kawin karo aku!
Jonggrang : Oh ya? Sing nggenah? Apa kowe wis kasil mbangun
sewu candi?
Bandung : Tentu wae cintaku,
Jonggrang :
Aku ora percaya!
Bandung :
Kowe ora percaya? Deloken dhewe! Itungen candi-candi kuwi.
Jonggrang :
OKe. Tapi eling janjimu, yen candine kurang saka sewu, berarti kowe batal ngentukake
aku, Bandung.
Jonggrang ngitung
candi-candi kuwi. Sakwise bola-bali ngitung, Jonggrang ngendhika.
Jonggrang :
Ngapunten Bandung, sakwise dak itung, candi sing kok gawe kurang siji.
Bandung : Hah? Mosok? Sing nggenah. Kowe mesti salah ngitunge!
Jonggrang :
Aku wis bola bali ngitung, tak baleni anggonku ngitung, tapi hasile podho.
Jumlah candi iki namung 999.
Bandung :
Yo wis lah, kan namung kurang siji tok, wis ana
999. Mengko dak gaweke
meneh. Tapi sak wise
kowe kawin karo aku.
Jonggrang :
Ora, Bandung! Perjanjiane ora kaya ngono ta! Kowe wis gagal ora menehi janjimu.
Lunga kowe saka aku! Aja nyedhaki aku meneh! Apa aku sing bakal lunga!
Bandung :
Ha? Sakwise aku nggaweke 999 candi, apa mung kaya ngene balesanmu, Jonggrang?!
Jonggrang :
Iya. Banjur kowe njaluk apa maneh!! (mbentak) Akui yen kowe memang wis kalah, wong elek!
Bandung : Jonggrang!! Wani-wanine ngece aku!
Jonggrang :
Emang kaya ngono ta kenyataane?!
Bandung :
Jonggrang!! Kowe
wis nggawe aku muntab! Ketmau aku wis daksabar-sabarke kanggo ngentukake kowe,
tapi percuma wae kabeh pengorbananku iki. Ora apa-apa aku ora ngentukake kowe!
Candi iki emang kurang siji, lan sebenere sing pantes nglengkapine ya kowe! Dadi ya kowe candi Jonggrang kanggo hiasan
keraajaanku!
Jonggrang :
Aaaaahhh !!!!!!!!!! (Ujug-ujug Jonggrang dadi Patung.)
Prabu
bondowoso sing wektu kui taksih murka, ujug-ujug kelingan marang pesen saka ibune mbiyen. Banjur esoke Prabu Bandung Bondowoso
nilaraken kerajaan prambanan lan
penging kanggo nggolekii ramane malih. Lan wangsul wonten dhusunipun.
Lan
candi 1000 kuwi dikenal karo masyarakat prambanan
“Candi Prambanan”.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar